Selasa, 23 Januari 2018

Roro Jonggrang

Roro Jongrang

Judul Buku : Rara Jonggrang
Penerbit : Kharisma

Ana ing jaman kerajaan Hindu-Budha wonten satunggaling pangeran kang nduwe jeneng Raden Bandung Bondowoso, panjenenganipun nun injih putra saking raja Pengging Prabu Damar Moyo. Raden Bandung Bondowoso sawong pangeran sing terkenal kuwat lan sekti mandraguna. 

Kajaba Pengging, ana kerajan sing liya sing nduwe jeneng Keraton Boko. Raja Keraton Boko nun injih Prabu Boko lan satunggal patih kanti asma Patih Gupalo. Prabu Boko nduwe putri sing ayu banget kanthi jeneng Lorojonggrang. 

Ana ing sawijining dina Prabu Boko nduwe pepinginan ngambakne wilayah kerajan kanthi nyerang kerajan Pengging. Prabu Boko ngumpulake pasukan kanggo nyerng kerajan Pengging. Peerangan gedhe banjur kedadean, korban jiwa lan bandha tansah katon ana ing pihak kerajaan Pengging ugo kerajaan Boko. Kanggo ngurangi rakyate sing mati, Prabu Damar Moyo dawuh dening anake yaiku Raden Bandung Bondowoso supaya perang ngelawan Prabu Boko. Mergo kekuwatan lan kesektian saka Raden Bandung Bondowoso, Prabu Boko banjur bisa dikalahake nganti tekan patine. 

Krungu Prabu Boko mati, Patih Gupala dawuh marang pasukane kanggo mundur saka kerajaan Pengging mlayu menyang kraton Boko. Raden Bandung Bondowoso kang ngerteni yen prajurit saka kerajaan Boko mundur banjur ngoyak Patih Gupala lan pasukan sing mlayu menyang Keraton Boko. Patih Gupala sing ketok dhisik dewe ana Keraton nemoni Roro Jonggrong lan ngandhani menawi Prabu Boko wis mati neng tangan Raden Bandung Bondowoso. Ora suwe banjur Raden Bandung Bondowoso dugi ing keraton Boko. Pas dheweke lagi nggoleki Patih Gupala neng jero istana, dheweke ketemu karo anak Prabu Boko yaiku Roro Jonggrang. Amarga ayune Roro Jonggrang, Raden Bandung Bondowoso langsung katresnan marang piyambake. Lan njaluk kanggo bebatihan. Ananging Roro Jonggrang ora gelem, amarga dheweke ngerti menawi Raden Bandung Bondowoso sing wis mateni bapake. 

Kanggo nolak lamaran Raden Bandung Bondowoso, Roro Jonggrang menehake syarat yen Raden Bandung Bondowoso pengen ngrabeni piyambake. Roro Jonggrang banjur ngendikan: “Yen sampean pengen ngrabeni aku, Samoean kudu nggawekne aku siji sumur lan sewu candi ana wektu sewengi.” 

Panjaluk Roro Jonggrang pancen mustahil dilakoni. Ananging Raden Bandung Bondowoso nyaguhi penjaluk saka Roro Jonggrang kasebut. Piyambake banjur nggawe sumur sing saiki dikenal kanthi jeneng Jalatunda. Lan nggawe 1000 candi kanthi njaluk bantuan para lelembut kanggo mbangun candi kasebut. Ilustrasi: para dayang ngobong damen
dalam cerita rakyat Roro Jonggrang bahasa jawaKawatir Raden Bandung Bondowoso bisa nggrampungake gaweane banjur Roro Jonggrang njaluk dayang-dayang kanggo nutu pari lan ngobong damen neng siseh wetan supaya dikira menawi esuk wis teka. Para lelembut sing ngewangi Raden Bandung Bondowoso kanggo mbangun 1000 candi pada kabur amarga wedi arep esuk. Bangunan 1000 candi durung genep, Raden Bandung Bondowoso mung bisa nutugake nganti 999 candi. 

Raden bandung Bondowoso nesu, murka amarga saktemene srengenge durung njedul. Piyambake nesu basan reti yen Roro Jonggrang sing wis nglakoni kabeh mau supaya para lelembut ngiri srengenge wis njedul. Raden Bandung Bondowoso nesu lan ngutuk Roro Jonggrang dadi arca sing kanthi saiki dikenal kanthi jengen Arca Dewi Durga kanggo mepaki 1000 candi kesebut.

Senin, 22 Januari 2018

Kancil Lan Merak


Penerbit : Karunia Jaya Surabaya
Judul Buku : Dongeng & Cerito Nusantara
Kancil Lan Merak

Merak pancen seneng macak. Ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira. “Aku pengin supaya bisa nduweni sandhang wulu kaya kowe Rak” ujare Kancil marang Merak. “Sandhangan wulu kang temeplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah” wangsulane Merak kanthi sareh.
Kancil sajak wingi nyawang kaendahan wulune Merak. Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarep anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.
Merak gedheg-gedheg gumun karo kekearepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengo kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak. “Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar. “Bisa wae, naging mung imitasi! Pasangan!” ujare Merak. “Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu. “Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.” Ujare Merak. “Terus kapan?” “Udakara rong mingguan.”
“Tak tunggu, Rak, ujare kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngendung, tanpa metung tuna lan batine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke. “Tekan dina sing dijanjekake. Esuk uthuk-uthuk Kancil wis tekan omah e Merak. “Piye Rak? Iki wes rong minggu!”
Sedina natas, kabeh wulu wis kapasang ing kulite Kancil. “Rampung Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!” Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paing endah!” “Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngerindhu lakumu” bacute ngelingake. “Ngerindhhu piye to? Wong apike kaya ngene kok ngerindhu.” “Lho wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!” Kancil ora nggagas, malah gege pamitan.
Merak mesem geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nangin tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati. Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan butute angel diobah-obahake.
Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku. “Tulung! Tulung! Tuluuung! Tuuluuuuung!” pembengoke sabisa-bisane. “Ana apa to Cil?” pitakone Merak krungu pembengokane Kancil. “Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!” “Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?” “Gelem Rak ujare Kancil nglenggana marang apa sing wes dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.
Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing wis kebancut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.

·     Pepiling : Menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri.      Ora patut iri dengki.

Selasa, 16 Januari 2018

Kucing Sing Pinter Ngalembana Singkat

JUDUL BUKU : DONGENG & CERITO NUSANTARA
PENERBIT       : KARUNIA JAYA SURABAYA
Kucing seng pinter ngalembana
Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.
"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?”
Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin. Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh.
"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?”
Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.
Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.
"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni  pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"
Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi.
Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anak e supaya ora  gampang klenthir nalika dialembana dening sosok kang pasuryane mranani ati.

§                 Pepiling (Amanat) :
Ing cerkak “KUCING SING PINTER NGALEMBANA” bisa kita njupuk pepiling, yen dadi arek kudu due sikap sabar lan ora serakah.