Merak pancen seneng macak. Ora sithik tangga-teparo padha mara
nyang omahe merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira. “Aku pengin
supaya bisa nduweni sandhang wulu kaya kowe Rak” ujare Kancil marang Merak. “Sandhangan
wulu kang temeplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung
tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah” wangsulane Merak kanthi
sareh.
Kancil sajak wingi nyawang kaendahan wulune Merak. Senajan akeh-akeh
Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni
wulu kaya wulu Merak. “Sakarep anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung
supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.
Merak gedheg-gedheg gumun karo kekearepane Kancil. “Saupama
bisa, terus mengo kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak. “Kewan apa wae terserah
sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora
sabar. “Bisa wae, naging mung imitasi! Pasangan!” ujare Merak. “Ora masalah!” Kancil
bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu. “Ya sabar, Cil! Aku kudu
nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.” Ujare Merak. “Terus
kapan?” “Udakara rong mingguan.”
“Tak tunggu, Rak, ujare kancil banjur nerusake lakune. Merak mung
nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngendung, tanpa
metung tuna lan batine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi
piwulang marang dheweke. “Tekan dina sing dijanjekake. Esuk uthuk-uthuk Kancil wis
tekan omah e Merak. “Piye Rak? Iki wes rong minggu!”
Sedina natas, kabeh wulu wis kapasang ing kulite Kancil. “Rampung
Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!” Kancil banjur ngilo.
Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku
bakal dadi salah sijining kewan kang paing endah!” “Bener kandhamu, Cil. Tur ora
ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah
ngerindhu lakumu” bacute ngelingake. “Ngerindhhu piye to? Wong apike kaya ngene
kok ngerindhu.” “Lho wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti
awakmu!” Kancil ora nggagas, malah gege pamitan.
Merak mesem geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nangin
tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo
aku,” ujare jroning ati. Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh
karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan
butute angel diobah-obahake.
Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku. “Tulung!
Tulung! Tuluuung! Tuuluuuuung!” pembengoke sabisa-bisane. “Ana apa to Cil?”
pitakone Merak krungu pembengokane Kancil. “Gage tulungana aku, saranduning
badanku angel diobahake!” “Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot
kabeh, kowe gelem?” “Gelem Rak ujare Kancil nglenggana marang apa sing wes
dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri.
Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa
mbilaheni.
Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing wis kebancut kraket ing
awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut
thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake
kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.
·
Pepiling : Menawa kabeh
paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Ora patut iri dengki.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar